Kye cerita pas arep nguripna perjanjen generasi 09.
Gondrong; Mbah Yai, nyong njaluk pandongane lan restune Si Mbah. InsyaALLAH nyong arep ngadegna sholawatan.
Mbah Yai; ya apik kwe Ngger. Neng ndi? Karo sapa bae batire? Tp ganu wis tau gawe grup mbok?
Gondrong; neng Muncu Mbah. Urung nemu batir, anu tembe arep ngawiti sekang nol maning. Nek ganu gawe grup nek siki ngadegna sholawatan.
Mbah Yai; y, aku mudeng maksud atimu Ngger. Siji pesenku Ngger, kudu diemut-emut. Pecakeran biasane ora adoh-adoh sekang sumur Ngger.
Gondrong; njih Mbah, kawulo tampi.
Mbah Yai; halah, kowe kwe gelem kromo maring wong tua nek wis dil-dilan.
Gondrong; he he he.
Mbah Yai; wis nganah, lunga, gantian kaeh wis akeh sing ngantri.
Gondrong; ok Mbah, makasih, dadaaah, cling.
Mbah Yai; bocah gendeng.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar