Gondrong ; Lah belih, beyekan gari nganggo ikih, tugel ya ngonoh.
Si Mbah ; Sih, dapurmu. Kue depawiti beyekan kon nggo ngempani anak bojo. Ora kon nggo tugel-tugelan. De rumat sing bener kue beyekane.
G ; lah ngangsa temen. Anak urung due, bojo tembe arep depet wis mlayu. Ya anu ndeyan beyekane kon nggo tugel-tugelan.
SM ; Kyeh bocah, derungokna nek wong tua lagi ngomong. Ora usah cokan kewanen arep urip dewek. Sepira dayamu? Sepira kuatmu?
G ; Owala Mbah, Mbah. Ya wis ayuh urip bareng Mbah bae.
SM ; Bebeh nyong kon urip karo ko. Ngedap. Urip kur dolanan dialektika tok. Udud ngopi ya nunut. Nyong mati ya mentakan ko teyeng ngubur? Duit be ora due.
G ; Lah kueh. Mbaeh be ngedap urip karo nyong, apamaning wong lia?
SM ; Alah ngedap nyong ngurusi ko. Cling(Mbaeh ngilang).
G ; Owala Mbah Mbah,(maca donga). Cling(Mbaeh teka maning nggawa bentong).
SM ; Ngapa maning nyeluki nyong?
G ; he he he, ora Mbah, kur arep ngomong, . .
SM ; Ngomong apa maniiing?
G ; Assalamu'alaikum. Cling.
SM ; Owalaaa bocah kurangajar.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar